Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Cina Jamblang Lan Plered Ditempilingi Pribumi

Bengen taun 1917, Jamblang lan Plered geger gedean, sebabe wong Cina sing ana ning Kota Kecamatan kuen diserbu wong pribumi, wong-wong Cina dipaksa kongkon minggat, ngalih aja meneng ning kota Jamblang lan Plered maning. 

Cina sing kelemar-klemer beli gelem diusir ditempilingi, sementara Cina sing due bedil nglawan sekuate, pada waktu semono akeh pribumi sing dibedili Cina. 

Cerita Cina Jamblang lan Plered diserbu Pribumi dudu cerita bobadan, sebab bener-bener nyata kejadiane.

Informasi kien sumbere akeh maceme, ana sing kanda'ane wong tua bengen, sumber Belanda lan sing lebih komplit  lan valid anane ning “Naskah Sedjarah Kuntjit”, naskah kuen pragat ditulis taun 1919, sing nulise wong sing terlibat kerusuhan taun semono. 

Cina Jamblang lan Plered ditempilingi pribumi asale karena wong-wong Pribumi muak ning tingkah lakue wong Cina siang ana ning wilayah Cirebon. 

Waktu semono, wong-wong Cina sing pada sugih, sing pada dadi tuan tanah, iki bli pada nurut ning para Bupati lan Sultan sing ana ning wilayah Cerbon. 

Dikongkon aja mbuka toko ning desa-desa malah mbuka toko ning desa, dikongkon aja meres tenagae wong pribumi malah meres, dikongkon taat ning aturan Bupati lan Sultan malah ora perduli, maling-malingane due batur Belanda. 

Saking nek’e Pribumi ning tingkah lakune wong Cina waktu semono, para Bupati lan para pejabat Pribumi sejene sekongkol, tujuane nguapai pelajaran, nyiptaaken keributan lan pengusiran wong-wong Cina sing ana ning kota-kota cilik sewilayah Cirebon, ambir perekonomian dikuasai Pribumi maning. 

Wong sing pertama-tama mimpin ngumpulaken pengusiran arane Raden Gunawan, tokoh Kharismatik Sarekat Islam Jawa Kulon, di dampingi sebagian para pejabat lan Bupati sewilayah Cirebon. 

Sementara wong sing terjun langsung mimpin pengusiran diantarane Jakasari, Sanusi, Ki Tarmidi, Kartawiguna, Sahemein, Ki Sapih, Durajak, Ki Satu lan masih akeh sing sejene. 

Salah sewijine kota sing dadi inceran para Pribumi, yaiku Jamblang lan Plered, sebab waktu semono daerah loro kuen akeh Cinae. 

Waktu semono, wong-wong Cina digrebeg, dikongkon minggat lunga nyingkir sing Jamblang lan Plered, selain kuen, wong-wong Cina sing lanang pada di tugeli Kucire. 

Zaman semono wong Cina lanang kucire dawa-dawa, ciri khas wong lanang Cina dinasti Qing. 

Bagen niat awale cuma pengen ngusir Cina, kejadian ning lapangan ternyata nambah rued, sebab wong-wong Cina sing akeh duite due anak buah lan jawara. 

Waktu penggrebegan, wong-wong Cina sing pada due bedil nglawan, sehingga Pribumi akeh sing mati kenang dibedili Cina. 

Perlawnanan wong Cina sing nyebabaken kematiane wong-wong pribumi nambah ibur, sebab wong Pribumi nambah kalap, sing maune cuma ngusir lan nugel kuncir malah dadi bringas, sehingga antara wong cina Jamblang- Plered lan pribumi perang. 

Tapi karena jumlah sing ora seimbang, wong-wong cina akeh ing mati, umaah lan tokoe dibakar, sementara wong-wong wadon lan bocah cilik pada ngungsi meng Jatiwangi, jaluk perlindungan ning Cina Jatiwangi. 

Cerita ning duwur, iku salah sewijine tugelan cerita “ Tragedi Kucir 1913”, yen sampean pengen weruh secara komplit, mangga baca artikel kien : Tragedi Kucir 1913

Posting Komentar untuk " Cina Jamblang Lan Plered Ditempilingi Pribumi"