Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Syarif Hidayatullah Nemu Kitab Usul Kalam

Sayarif Hidayatullah ditinggal mati bapane sing awit durung baligh, bli kaya bocah cilik sejene, waktu semono  Syarif Hidayatullah wis bisa maca, selain doyan maca, Syarif Hidayatullah uga senenge dolanan ning perpustakaan kuno warisan bapane.

Nalika dolanan ning perpustakaan kuno keun ikulah, Syarif Hidayatullah nemu kitab sing bentuke aneh, kitab kuen arane “Usul Kalam”. Uga Gara-gara kitab kuen, Syarif Hidayatullah tingkah lakune dadi aneh, sering ngomong sing bli ora-ora. 

Kitab Usul Kalam bentuke aneh, sebab ditulis nganggo tinta emas, sementara isine nyeritaken hakekate Nabi Muhamad lan Gusti Allah kang maha suci. Kitab kuen sawise ditemuaken ning Syarif Hidayatullah nggal dina diwaca, sehingga kandungan isi kitab kuen meresap ning sanubarine Syarif Hidayatullah. 

Nakila Syarif Hidayatullah umur 12 tahun, kitab Usul Kalam bener-bener gawe perubahan ning jiwane, Hidyat waktu semono izin ning mboke Nyai Rara Santang pengen mengembara nggolati “Nabi Muhamad”. 

Kelakuane Syarif Hidayatullah sing model mengkonon jelas gawe kaget Mboke, karena waktu taun semono Nabi Muhamat wis wafat, jadi menurut pemikirane mboke beli mungkin bakal ketemu Kanjeng Nabi senajana digolati, sebab kanjeng Nabi wis wafat lan dikubur ning kota Madinah. 

Nyai Rara Santang dibantu Patih Ongka, ngyakinaken Syarif Hidayatullah bahwa kanjeng Nabi Muhamad bli bakal bisa ditemui karena wis wafat. Tapi ya mengkonon, Hidayat kekeh, pengen mengembara nggolati Nabi Muhamad, sebab bagi Hidayat, hakekate para Nabi lan wali-walie Allah iku masih urip senajan jasade wis mati. Keyakinan model mengkonon iku diyakini Hidayat sawise maca kitab Usul Kalam. 

Nyai Rara Santang wis ora bisa nyegah keinginan anake, sehingga pada akhire, Nyai Rara Santang ngijinaken anake ngembara nggolati Nabi Muhamad. Nyai Rara Santang cuma bisa pesen, supaya ati-ati ning dalan lan nyangoni gonang biaya perjalanan. 

Singkat cerita, nalika Syarif Hidayatullah mengembara nggolati Nabi Muhamad, terjadi peristiwa aneh ning dalan, diantarane, Syarif Hidayatullah ditemui kenang Nabi Khidir. 

Baca Juga: Kisah Perjumpaan Suanan Gunung Jati dengan Nabi Khidir 

Posting Komentar untuk " Syarif Hidayatullah Nemu Kitab Usul Kalam"