Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pangeran Walangsungsang Metu Sing Keraton Pajajaran

Pangeran Walangsungsang memang anake Prabu Siliwangi sing Paling tua, urip singawit cilik meneng ning Keraton karo wong tua lan adi-adine, naning nalika Pangeran Walangsungsang wis dadi wong nom, Pangeran Walangsungsang nyatane metu sing Keraton. Metune Pangeran Walangsungsang sing keraton iku dadi cerita awal mulane anae negara sing diarani Cirebon.

Cerita Pangeran Walangsungsan metu sing Keraton iki akeh maceme, ceritane sejen-sejen. Macem sing pertama Pangeran Walangsungsang metu sing Keraton lantaran sakit ati, sebab sewise mboke ninggal, Pangeran Walangsungsang sing melu agama emboke (Islam) digawe blenak nang mbok tirine lan adi-adi tirine uga para pejabat keraton sing agamane sejen, mulane karena mengkel Pangeran Walangsungsang milih lunga mengembara belajar agama Islam lan engkone meneng ning Gunung Jati belajar agama Islam ning Syekh Nurjati. 

Macem sing keloro, Sewise Mboke Ninggal, Pangeran Walangsungsang iku ngimpi ketemu Nabi Muhamad, ngimpine beli sepisan rong pisan, sering, ning ngimpi kuen Pangeran Walangsungsang kongkon nganut agama Islam lan uga kongkon ngislamaken Bapane. 
Pangeran Walangsungsang Metu Sing Keraton Pajajaran
Sewise pirang-pirang Balen ngimpi akhire Pangeran Walangsungsang nekad ngajak bapane Prabu Siliwangi kongkon manjing agama Islam. Nalika Prabu Siliwangi dikongkon manjing Islam nang anake, Prabu Siliwangi nyewot, akhire Pangeran Walangsungsang diusir sing keraton.

Macem sing terakhir, diceritaaken bahwa ng salah sewijine dina, Subang larang, mboke Pangeran Walangsungsang iki ketangguan sembayang ng kamere, sing ana ning Keraton, padahal sedurunge. Subang Larang diprintah ningg Prabu Siliwangi aja ngamalaken ajaran Islam maning ning Keraton Pajajaran. Kerena nglanggar printah Subang Larang diasingaken ning Banten. 

Ndeleng mboke diasingaken ning Banten, Pangeran Walangsungsang ora trima, sehingga Pangeran Walangsungsang melu metu sing Keraton milih dadi wong Islam lan geguru ning ualama-ulama Islam sing ana ning Gunung Jati, yaitu geguru ning Syekh Nurjati. 

Telung macem cerita Pangeran Walangsungsang metu sing Keraton Pajajaran kuen sumbere tertulis ning telung kitab, yaiku ketulis ning Kitab Carita Purwaka Caruban Nagari, Carios Walangsungsang lan Naskah Mertasinga. 

Bokat sampean, due cerita sejene mangga pada komen ya, toli disebutaken sumbere sing kitab apa, ambir ngkoe tak tulis kenang adimin didadikaen artikel tambahan. 

Posting Komentar untuk "Pangeran Walangsungsang Metu Sing Keraton Pajajaran"