Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Jaenal & Ratini

Jaenal & Ratini
(Cerpen Cirebonan)

Bagian (1)

Telung taun zamane kawinan durung pernah hubungan badan Karo rabine. Nanging, dilalae rabine meteng. 

"Meteng kenang sapa Sira kuh ?" Takon Jaenal Ning Rabine sing sikile lagi uncang-uncang Ning Sofa bari dolanan HP.  Karena Ratini ora iya ora embuh, Jaenal emosi, matane Abang nahan tangis. "Jawab Ratini....!!" Jaenal nyentak. 

Ngrongkna sentakane Jaenal, Matane Ratini mlototot, Toli ngomong 'Sira Nyentak kita....!!? Due hak apa Sira Nyentak kita?".

Isun kih lakine Sira Ratini...!!, Bales Jaenal.

Ratini gemuyu bari ngakak....." Lakine kita.....!?, Ora Sudi isun ngakui Sira lakine kita, kita ora demen Sira, lamon ora dipaksa Nang mama Lan Mimi kawinan Karo Sira, isun ora bakal kawin Karo Sira...!" Sekien kita nantang, lamon Sira beli seneng kita meteng, pegaten Kita.....!!!.

Omongane Ratini sing laka tata Kramae gawe Jaenal Istigfar Ning Jero dada. 

Sedurunge kawin Karo Ratini, Jaenal Dau balik sing Pesantren, bagen lahir sing keluarga mlarat, Jaenal sejatine lulusan S-1 Jurusan Akuntansi Ning Pesantrene. Durung sue metu sing Pesantren, Jaenal nylmetaken Bapa Lan Emboke Ratini sing lagi kecelakaan, padahal waktu semono Jaenal lagi luruh kerjaan Ning Kota. Bengen, bapa lan mboke Ratini maksa Jaeanal supaya gelem kawin Karo anake. Jaenal sing Atine lemes ora bisa nolak, akhire gelem Ngawin Ratini.  

Selawase telung taun dadi lakine Ratini, Jaenal berusaha dadi laki setulus Atine. Waya gajian duit dinakna kabeh Ning Ratini, bahkan kerjaan umah kaya nyapu, nyuci lan beres-beres umah Jaenal sing ngerjakaken. Tapi apa balesane, Rabine malah meteng kenang wong Lanang sejen. 

Pikirane Jaenal wis ora karu-karuan, "Ratini, Sira serius pengen Pegat.....!!" Takon Jaenal bari nahan sesek Ning dada. 

Bari malangkerik, Ratini Njawab " Rongokna Jaenal, isun wis medial Urip Karo wong Lanang mlarat kaya Sira..!, Sekien kita meteng anake Kang Samsudin, Toli gah Wonge siap sedia Ngawin Isun lamon isun wis Pegat Karo Sira!" Dadi ayu koesuk pegatan, ayu Meng wa Lebe...!!"

Jaenal mandengi tingkah lakue Ratini " Ora perlu koesuk, ayu sekien mangkat Ning Kantor Desa, nemui Wa Lebe", ngrongkna jawabane Jaenal Ratini mlongo ... "Ingat Ratini, isun ora bakal getun Megat Sira" mengkonon kata-kata terakhir Jaenal sedurunge wong loro bareng-bareng mareki Wa Lebe Ning Kantor Desa. 

Kring........3x HP ne Jaenal Muni, rupane sing Nelfon Bose. 

Jare Bose "Jaenal, kien Tuan Mahmud, Dirut PT Makmur Jaya, koesuk Marek Meng kantor ngadep isun ya, ana urusan penting...!!" Siap Bos..!!", Janeal Njawab. 

Jaenal sing ora pernah ditelfon Bose kaget, ora biasa-biasane seorang Bos perusahaan besar Nelfon karyawan rendahan bagian Gudang. Krentege Ning ati, Jaenal ngucap " Ya Allah, angkaten Drajate Kula". 

Bagian (2)

"Yawis Ari sampean wong loro pada ngotot pengen Pegat mah tak terima, mung Sira kudu weruh, bahwa pegatan iku perkara kang olih tapi Gusti Allah sengit". Mengkonon Nasehate Wa Lebe Abdul Karim Ning Jaenal Lan Ratini. 

Beli sue, Ratini Ngomong "punten Iki wa Lebe, kien sarat-sarate ana KTP, KK Karo Surat Kawin, terus biayane Pira.....!?". Lebe Njawab, "sing pengen nuntut Sapa..!?" "Isun Bae wa Lebe, Lakine kita mah masa camplenga....." Ratini Nyamber Njawab. Sementara disisi lain, Jaenal sing dodok Ning Iringane Ratini cuma bisa Istigfar Ning Jero Dada. 

Lebe njelasaken "Dadi biaya pegate Rp 2.500.000, Tulung dicatet, Ari biaya Meng pengadilan mah sekitar 600 an. Mung karena sing arane Pegat iku waktune sue ana telung wulane, Toli sidange bolak-balik kadang nyampe ping 3-5 sidang kedik dadi biayane semono ..." , Toli sapa sing bayar...!? Lebe Takon.

"Isun wa Lebe, lakine kita mah masa gablega duit semono kuh, gajih e Bae mung 900". Jawab Ratini bari dugal. 

Omongane Ratini sing nylekit, gawe Jaenal bli sadar netesaken banyu mata, Jaenal Cangare Abang. 

Jaenal Tiba-tiba Inget omongan Kiaine Bengen lagi mesantren " Cung Jaenal, ko besuk lamon Sira diece Nang wong sehingga kacung teraniaya, Donga Ning pangeran, niscaya dongane kacung di ijabah Ning pengeran, sebab wong kang teraniaya iku dongane mujarab ..!"

Bari ngusap tetesan banyu mata, Jaenal Donga Ning jeroneng ati " Ya Allah, Tulung angkaten drajate Kula, lan tulung temokna Kula Karo wadon ingkang Soleha, kang gelem nrima Kula apa anane". 

Cuaca waktu semono panas ngentep, sawise Ning Kantor Desa Nemoni Wa Lebe Ratini LAN Jaenal balik Ning umah, tapi was waktu perjalanan balik, Ratini Ngancam " Jaenal mulai sekien Sira nyingkir sing umah, gawaen mana klambine Sira, isun wis beli Sudi Urip seumuah Karo Sira, kader gah umah kuen kuh umae kita, duit sing Mama Lan Mimie isun". Ngrongkna anceman mengkonon Jaenal cuma Njawab "Yawis...!".

Setelah Jaenal Mberesi pakeane, Jaenal Pamit bari ngucap Ning Ratini, " Nok Ratini, Kula njaluk maaf lamon Kula ana salah, detik kien jam kien, Sira tak Pegat Nang kita, Pegat talaq 1......"!. 

Setelah Jaenal ngucapaken mengkonon, Ratini nyengir, seneng bli kejagan, Ratini ngelus-ngelus wetenge sing lagi meteng 2 Wulan, bayangane Ratine, deweke bakal kawin Karo Kang Samsudin wong Lanang sugih anake Kaji Apud pemilik Pabrik Tekstil terbesar se wilayah 3 Cirebon. 

Bari nunggang motor Kreditan, Jaenal nyingkir sing Umae Ratini, tiba-tiba, Ning dalan ana telfon manjing, Kring ......3x. Rupane sing Nelfon Bose....... 

"Jaenal, aja bli kelingan Koesuk nemui Isun......"!......Siap Bos ..." Jaenal Njawab.

Bagian (3)

Jaenal ngrasa degdegan dodok Ning arepe Tuan Mahmud, soale ora biasa-biasane dipanggil Bos besar perusahaan, apamaning Jaenal sekedar karyawan Rendahan bagian Pergudangan. 

"Dadi mengkenen Jaenal, isun selama 3 taun zamane, mantau bagian Gudang kih lancar-lancar Bae. Urusan pembukuan, khususe catatan metu manjinge barang pas Karo kenyataan laka sing meleset, sehingga gawe manjing Lan metue produk Perusahaan lancar". Toli Pak Mahmud Takon Ning Jaenal "Bener sing gawe pembukuan Sira....!?" "Cuma Mbantu Kang Taslim, Bos....!" Jawab Jaenal. 

Taslim iku sebenere ngemban Jabatan Kepala Gudang merangkap pencatat administrasi pergudangan sehingga wis dadi tugase Taslim ngrancang lan gawe pembukuan, sementara Jaenal sebenere bawahane Taslim sing tugase ngrapihi produk-produk perusahaan sing disimpen Ning Gudang. 

Jaenal manjing kerja lantaran diajak Ning Taslim, sehingga ketika Taslim putek mikiri pembukuan, Jaenal nawaraken bantuan. Dilalae Jaenal Ahli dalam pembukuan, maklum Sarjana Akuntansi sing IPK ne 3,89, tapi mengkonon, waktu nglamar kerja cuma nganggo Izajah SMA sebab Izajah S-1 ne durung dijukut asale masih nunggak pembayaran. 

"Aja sokat ngrendah Jaenal, Taslim wis cerita Ning Isun, dadi mengkenen, mulai sekien Sira tak angkat dadi Asisten Pribadine Isun,...ko urusan SK serta besaran gajih sing diterima sira, gampang diurus-urus Nang Nurhayati". Ucap Tuan Mahmud.

Ngrongkna ucapane Bose, Jaenal kaya ngimpi....., Ngrasa bli percaya. Nanging sebagai bentuk kesanggupan, Jaenal ngucap "Siap Bos....!!". 

Sebenere, Alesan Tuan Mahmud ngangkat Jaenal dadi Aspri Dudu sekedar karena Jaenal pinter Akuntansi, tapi karena diancem Ning Rabine. 

3 Dina sedurunge, Tuan Mahmud diancam Ning Rabine, lamon masih mempekerjakan Aspri wadon Ning kantor, tuan Mahmud garep ditekek Ning Rabine. Anceman kuen sing nyebabaken tuan Mahmud kalang kabut. Para Aspri Wadon pada dipecat. Nanging menawa pengen ngrekrut Aspri Lanang sesuai administrasi waktune sue, maka pilihane ngangkat karyawan sing prestasine bagus berdasarkan pertimbangan laporan bawahan. Ya si Jaenal iku pilihane. 

Lagi enak-enake ngobrol Karo Jaenal, tiba-tiba, Nurhayati ngetok-ngetok lawang, ......tok....3x. "Manjing.....!!" Jawab Pak Mahmud. ......"Ana Apa Nur...!?", Anu Pak Bos, tamu Sing Qatar wis teka, siap nemui Pak Bos...! Jawab Nurhayati. "Oh iya, Dina kiean ana tamu sing Qatar ya, Sada Ra Kelingan"....Tuan Mahmud Ngomong Dewek. 

"Nur....limang menit maning tamu kongkon manjing, Toli awas aja kelalen, surat SK e Jaenal segera digawe Karo tetek bengeke, paham beli....!!" Printah Pak Mahmud, .... Toli Nurhayati Njawab, "Baik Bos"...

"Eh iya, Dina kien Sira Ning ruangane isun dikit, kah dodok Ning kursi kuen, baturana isun dikit" Pak Mahmud Ngongkon Jaenal. "Siap Bos..!!". Jawab Jaenal. 

Sawise limang menit, Tamu sing Qatar teka, tamune ana loro, Bos Perusahaan Qatar sijine penerjamah asal Qatar sing nyatane anake Bos perusahaan kuen. 

Dilalae, penerjamahe ora bisa bahasa Indonesia, wis mengkonon Bahasa Inggrise ora karu-karuan. Sebagai laki-laki lulusan kampus Inggris tuan Mahmud dugal, mengkel, sebab Ning pikirane tuan Mahmud, baka wis komunikasi bli nyambung, maka perjanjian bisnis sing garep diteken ya kemungkinan gagal. Sejeroneng Ati tuan Mahmud, pengen njejek si penerjemah kuen, cuma karena tamu dadi blenakan. 

Ndelengaken Tuan Mahmud lan tamue ora nyambung omongane, tiba-tiba Jaenal Marek Meng meja rapat, dilalae, Jaenal ngomong bahasa Arab Karo tamu sing Qatar kuen, rupane Jaenal nguasai bahasa Arab. Buktine Ning segala pertanyaan wong Qatar dijawab tuntas Nang Jaenal. Hal kien wajar, sebab Jaenal bengene menjabat sebagai Rois Qismu Lugah Arabiyah Ning Pesantrene. 

Ndelengaken Jaenal Lan wong Qatar ngecaprak bahasa Arab, tuan Mahmud mulai kagum Ning Jaenal. Sejeroneng ati, Tuan Mahmud Ngomong "Ora salah isun ngangkat Jaenal dadi Aspri".

Durung sue Tuan Mahmud lan tamune sepakat kerjasama bisnis. Tiba-tiba ana suara "Kedeblag" suarae anteng tembus Meng ruangan, padahal ruangan kuen kedap suara. Posisine kaya gempa. Tuan Mahmud sing kaget, mrintah Jaenal "Nal-Nal tilikana Ning Jaba ruangan ana apa !!!" Jaenal sing pada-pada kaget Melayu seporete ndeleng keadaan. 

Rupane suara Kedeblag mau, akibat Nurhayati tiba, posisine Kejlengkang. Lagi mondar-mandir gawe Surat Keputusan Pengangkatan Jaenal dadi Aspri, sepatu jingjite Nurhayati tugel, sehingga nyebabaken Nurhayati tiba Kejlengkang. Kenang bangore, sekudua nulungi, batur-batur sekantore Nurhayati justru pada gemuyu ngakak. 

Nurhayati iku bocae cekatan, bocae kulite sawo mateng, rambute lurus sebahu, ngango kacamata, cuma berate 87 Kg, Nurhayati siji-sijine Karyawati sing parek Karo Tuan Mahmud tapi ora dicemburui Ning Rabine Tuan Mahmud. Mulane ketika Para Aspri Wadon pada dipecati, Nurhayati ora dipecat. 

Ketika Jaenal weruh keadaane Nurhayati sing lagi celaka, Jaenal langsung nulungi Nurhayati, Jaenal ora diprintah maning langsung nyopot sepatu jingjite Nurhayati, Toli ndudut sikile Nurhayati sing kecetit. Ndelengaken tingkah lakue Jaenal, Nurhayati cuma mesem ☺️ bari nahan lara. 

Ning sejen tempat, Samsudin lagi ana Ning Jero mobil bari mbaca-baca sejarah Ning situs www.historyofcirebon.id melalui HPne. 

Beli sue tiba-tiba ana Wa Manjing....munine "Kang Samsudin Kula ana Ning Kamer 201". 

Mbaca Wa Kuen, Samsudin ngmong Ning Supire Agung " Gung lurus terus, Meng Hotel Mandala...!, Ko tonggonana ya, paling 4 jaman, sirae mendi Tah mendi dikit!" ...."Laksanakan Bos...." Jawab Agung. 

Bagian (4)


Tok-tok-tok, Samsudin ngetuk kamer hotel nomer 201. Ratini, sing wis beli kejagan pengen ketemu, mbuka lawang bari mesem. " Sue temen sih kang, kulae wis kangen" jare Ratini. "Hmmmmmm" Samsudin cuma nggerem. 

Samsudin dodok Ning Korsi arepan TV, sementara Ratini Dodok Ning Pinggir Kasur kamer Hotel. Samsudin ndeleng HP mbaca-mbaca WA sing durung sempat ke baca. Sementara Sing Kasur, Ratini nyawang Samsudin bari mesem-mesem. 

Samsudin iku wonge gantenge ora ketulungan, lambene kepundung abang, rambute Jenggo lurus belah dua, cungure bangir, kumise tipis lan due Jambang sing mempesona. Bulu-bulu tipise sebadan-badan. Kulite putih kemerah-merahan, maklum nuruni emboke sing kelahiran Uzbekistan, Pokoke laka wong Wadon ning dunya sing beli kesengsem baka nyawang Samsudin. Wis ganteng Sugih pisan, sebab bapane pemilik Pabrik Tekstil terbesar se wilayah 3 Cirebon. 

Bari aleman, Ratini mareki Samsudin, dodok Ning Iringane. Ndase Ratini disenderaken Ning dadane Samsudin, duh ambune wangi gawe melayang. Tangan kiwene Ratini ngrangkul boyokane Samsudin, sementara tangan tengene aktif gegrayang. Samsudin Njengat. 

Ning Cafe Lobi Hotel, Agung wis resah, sebab Bose Samsudin ora metu-metu, wis Garep 6 Jam, padahal janjie cuma 4 jam. Kondisi wis adzan Isya. 

Ning sejen tempat, Nurhayati kederang-dereng nglakoni sembayang Isya senajan sikile kecetit. Anggur-anggur pas lagi ngucapaken takbir "Allahu Akbar " seklayaban Ning pikirane Nurhayati ndongol raine Jaenal. Ora biasa-biasane. Nurhayati ora fokus tapi tetep mragataken semabayange. 

Bagian (5)

Ning duwure sajadah, Nurhayati heran, kenangapa lagi deweke sembayang Isya bayangan raine Jaenal Ndongol. Ndongole baranganu kerep. Lagi takbir ndongol, lagi ruku' ndongol, eh tekang lagi sujud ndongol. Nurhayati curhat Ning Gusti Allah sejeroneng ati "Gusti, apakah Kula kesengsem Ning Jaenal!?". 

Nurhayati iku sebenere lahir sing keluarga liberal, mbok bapane meskipun agamane Islam uripe ora iya ora mbuh bae ning agama. Ndidik anak gaya kapitalis. Anak-anake sing Awit cilik disekolahaken ning sekolah umum sing kapitalis. Nurhayati bahkan ora pernah dikongkon ngaji lan sekolah agama. Meskipun mengkonon, karena liberal, mbok Bapane Nurhayati ora sokat nglarang anake belajar apapun termasuk belajar agama. 

Nurhayati jadi taat Ning agama setelah Nurhayati kesengsem ning batur kuliahe, arane Khoerul Anam. Si Anam iku bocae pinter, ketua BEM Fakultas Manajemen Ekonomi. Selain Pinter, Anam iku lulusan Pesantren. Ning zamane Kuliah, Anam sering ngajak Nurhayati Melu kajian agama, bahkan ngajari baca tulis Arab Ning Nurhayati. Ya karena Nurhayatie demen dewek, dadi nurut bae. Bahkan saking seringe belajar agama Ning Anam, Nurhayati dadine ora buta-buta nemen Ng agama. Nurayati bahkan dadi solot sembayang. Namun nasibe Nurhayati blenak, durung-durung acan nyataaken cinta ning Anam, rupane Aname mati, sebabe karena di Bom Israel waktu KKM ning jalur Gaza.

Lagi khusu-khusue dedonga, Nurhayati di WA Ning Bose, .... Mengkenen munine "Nur baka sikile durung waras aja mangkat maning, kerjae ngango sistem WFH (Work From Home) bae dikit, adapun bahan-bahan mentah sing perlu digarap ko dianteraken Ning umae Nur..., Sing Nganteraken Jaenal !!"

Mbaca wa mengkonon, Nurhayati seneng beli kejagan, durung sempet mbales Wane bose, Nurhayati mlaku bari kepincang-pincang, toli njerit-njerit metu sing Kamere. 

"Mami........, Papi......, Ari mbok Rasiyem mendi ya......!?" Mbok Rasiyem.....'3x" Nurhayati njerit manggil pembantune. "Iya Non........." Mbok Rasiyem Jawab bari melayu-mlayu cilik sing Pawon menuju kamer tamu, "Ana Apa Nona..?" " Hehehehe ....." Nurhayati Nyengir, "Dadi mengkenen mbok, bengi kien umah diberesi sing rapih, terus disemprot wewangi, ambir ambune enak....ya mbok, soale koesuke garep ketekanan tamu spesial, Koe tenang Bae, mboke tak paih bonus deh"..perintah Nurhayati " Beres Non....!". mbok Rasiyem Njawab. 

Sementara disisi lain, mbok lan bapane Nurhayati sing lagi santai Ning ruang tamu pada mlongo ndelengake tingkah laku anak wadone. "Mamih anake Ning Kono kuh wis Soak Tah ya...!?"  Mengkonon omongane Bapane Nurhayati bari nduil-nduil tangane Rabine. "Wkwkwkk, papih iku Ari ngomong sembarangan, kuen kuh pih kayane mah lagi demen wong Lanang kunuh" Jawab mboke Nurhayati. 

Bagian (6)

Sejege ketmuan ning Hotel Mandala karo Samsudin, Ratini ning umah gempulang-gempuling bae ning duwure kasur, bahkan bli adus-adus telung dina telung bengi, sebab bli kuasa ngilangaken ambune Samsudin sing nempel ning awake. Kelingan padalane. 

Nanging tiba-tiba, ndelengaken jero umah berantakan, Ratini kelingan ning Jaenal. Sebab lagi  masih seumah karo Jaenal, lakine sing mberesi segala-galane. "Keclak" munine banyu mata sing netes ning pipine Ratini. Ratini kelingan Jaenal. 

Selama 3 taun kawinan Karo Jaenal, Ratini sebenere ana Rasa Demen Ning Jaenal. Jaenal bocae bagus, kulite putih senajana baka ning umah sarungan bae. Cendeke wong ngomong, bagen ganteng, Jaenal awale dudu lanang sing dadi impiane Ratini. 

Pernah suatu ketika, Ratini kebuka atine, mencoba menerima Jaenal meski Ratini kawin karo Jaenal akibat perjodohane wong tua. Ratini marek-marek meng Jaenal bari aleman. Ratini pengen hubungan badan, naning pas marek-marek, malah ditinggal Jaenal sembayang Magrib. Ratini sewot, lan ngomong sejeroneng ati "Lanang Tai, ora Peka"  Ratini, uga bahkan bersumpah ora bakal maning-maning aleman ng lakine. 

3 taun kawinan karo Ratini, Jaenal bli pernah hubungan Badan karo Ratini, sebabe ning awal-awal perkwinan, Ratini pernah ngancam " Hei wong lanang, bagen kita wis dadi laki rabi, isun bli pengen disentuh sira, isun beli demen, lamon sira maksa, Isun bunuh diri....!!" Mengkonon ancemane Ratini ning Jaenal waktu awal-awal perkawinan. 

Waktu Ratini tiba-tiba aleman, Janeal sebenere kaget, bli nyangka Rabine nerima deweke, bahkan bli biasa-biasane lendat-lendot. Nanging waktu semono Jaenal lagi puasa, mulane kitika kentong Magrib, Jaenal pamit sembayang magrib, terus buka puasa. 

Ning sejen tempat. Nurhayati ngarep-ngarep kedatangane Jaenal. Nanging Jaenal bli teka-teka. Ratini bahkan wis adus telung balen lan dandan secantik mungkin demi ketemu Jaenal. Tapi Jaenal tetep ra teka-teka. Ratni nunggu Jaenal sampe ngliep keturuan. 

Durung sue ngliep keturuan, tiba-tiba, suara Bel umae Nurhayati  muni " Teeeeeeeeeet 5x...!!!! ". Nurhayati ra Krungu sebab keturuan.

Bagian (7)

Wis hampir setengah Jam, Jaenal mencet-mencet Bel umae Nurhayati tapi laka tanggepan, karena wis ngrasa kesuen, lan ana urusan maning, Jaenal terpaksa naro bahan-bahan tugas kantor ning arep lawang. Jaenal mangkat balik meng kantor, sementara ning ruang tamu, Nurhayati masih keturuan. 

Ning sejen genah, Samsudin lagi fokus ndeleng TV, deweke dodok ning korsi, tangan tengene muter-muter gelas kopi, sementara tangan kiwene mlintir-mlintir sebatang udud sing durung sempat disuled. Samsudin lagi ning Kamer Hotel. 

Bli sue, ana suara " Tok-Tok 3 ×....!!", berbarengan karo suara kuen, HPne Samsudin keanjingan pesan sing nomer anyar, munine "Punten....., , kula ana ning Arep Lawang Hotel...!!".

Samsudin sebenere lagi ana ning Kota, lagi ngwakili Perusahaan ngadepi Pejabat Pajak sing kudu dilobi. Mung karena Samsudin sebenere lagi putek, akhire deweke melampiaskan kepusingane karo mboking wadon Panggilan.  

"Manjing.......!!" Samsudin ngomong ning wadon Panggilan bari mbuka lawang. "Kesuwun....." Jawab Wadon Panggilan bari ngloyong manjing kamer. 

Nyawang Wadon Panggilan Samsudin heran, sebab meskipun bocae percis kaya ning foto sing dikirim,  tapi dandanane ora umum, pakeane sopan bahkan nganggo kudung, penampilane lebih mirip santriwati ketimbang tlembuk. Sejeroneng ati Samsudin ngomong "Apakah agama wis didadiaken tameng gonang menutupi kebobrokan...!?". Samsudin bener-bener ngrasa heran. 

"Arane sapa.....!?" Takon Samsudin bari nyuled Udud. "Dewi..!!" Jawab Wadon Panggilan. 

Ndelengaken tingkah lakue Samsudin sing ketus, Dewi Faham, bahwa Samsudin ora nyaman ning gaya pakeane. 

"Wis due rabi kang....!!?" Dewi takon bari ngudari Kudung sing nempel ning endase. 

"Durung, toli apa perlune nakoni status perkawinan..!" Jawab Samsudin ketus. 

"Hanya sekedar takon..." Jawab Dewi bari ngudari klambi lan ondere. Praktis, waktu semono Dewi tinggal nganggo celana dalem lan BH bae. 

Bari ngempos kebul udud, Samsudin terpesona. Dari segi bodi, Dewi memang menggoda, badane muntel berisi, kulite kuning tanpa cela, rambute dawa sebahu, cungure bangir, alise kandel murni dudu alis gawe-gawean, sementara lambene abang, serasi karo warna kulit raine sing kuning langsat. 

Lagi masih keaadaan terpesona, Dewi ngomong "Pengen maen sekien kang.....!!?" "Ngko bae....!, Isun pengen curhat dikit.....!" Jawab Samsudin bari nyedot kebul udud. 

Ngrongokna jawabane Samsudin, Dewi njukut anduk gonang nutupi badane, toli ngomong "Kang, Tlembuk macam kita, ora pantes didadiaken lawan curhat, sebab wong kaya isun hanya butuh duite wong lanang. Baka kakang pengen curhat sing sejati, curhata ning rabine kakang, sebab seorang istri pastine ndueni ketulusan ".

...." Dewi, ping siji maning, Isun durung Duwe Rabi" Jawab Samsudin. " Wi, untuk sekien isun beli butuh ketulusan, isun hanya butuh ana wadon sing gelem ngrongokaken keluh kesahe isun, isun bener-bener lagi bimbang, sebab isun sing awit cilik ora due batur curhat wadon, mimi isun mati ketika Isun masih umur setahun, sementara mama isun bli bisa diajak curhat karena terlalu sibuk ning urasan bisnise". Ucap Samsudin bari ngenes. 

Nyawang Samsudin sing lagi nyritaaken curhatane, sifat kewanitaane Dewi mulai kebuka. Dewi kegawa ning swasana. 

"Kakang mboking isun Long Time hanya untuk curhat kang.....!?" Takon Dewi Meng Samsudin. Ngadepi pertanyaan mengkonon Samsudin malah nginung Kopi, ora njawab pertanyaane Dewi. 

"Kang, biasane wong Lanang sing mboking Isun, nafsune menggebu-gebu. Baka wis nglampiasaken nafsune, baru kanda ngalor ngidul. Nangapa kakang ora mengkonon...!?", Dewi Takon. 

"Wong Lanang Ning jagat iku watek lan sifate sejen-sejen Wi, aja padakaken Isun Karo Bapak-bapak sing biasa nlembuk. Isun mboking mengkenen kih sumpah demi Allah Dau sepisan..!!" Jawab Samsudin. 
 
Jagat waktu semono mulai peteng, mendung gegantungan ning langit kota, disusul keadaan cuaca sing mulai nglekeb. Udan gede mundun sejagat-jagat. "Pyaaaaar......!!" Suara kilat Nyamber langit. 

Lagi fokus ngrongkna curhatane Samsudin, tiba-tiba Dewi Atine terpanggil, sebab ngrongkna suara Adzan Magrib sing melengking Indah. "Kang punten, Kula izin Ning kamer mandi....!" Dewi motong Curhatane Samsudin. " Hmmmmmm...." Samsudin cuma Njawab bari nggerem. 

Ora sue, Dewi manjing kamer mandi bari njingjing tas gendone. "Gejebar-Gejebur" suara banyu, Dewi rupane Adus. 

Nyawang Dewi manjing kamar Mandi, Samsudin mbuka-mbuka Hpne, Samsudin mbaca-mbaca pesan sing Dau manjing meng Hpne. 

Limang menit kemudian, Samsudin kaget, sebab Dewi metu sing Kamer Mandi bari nganggo mukenah. Bli sampe semono Bae, bahkan Dewi ngomong Ning Samsudin "Ayu kang sembayang magrib jamaah....!!"

Ngrongkna omongane Dewi, Samsudin kaya kesamber Geledeg, sebab bagaimana bisa seorang Wadon Panggilan sing biasa nyervis tamune kelawan hubungan badan, justru malah ngajak sembayang berjamaah. Samsudin kaget bari mangap. Meskipun mengkon, Samsudin njawab "Ngulu Bae...., Wi...!!! "

Ndelengaken Dewi sembayang Ning arepane, Samsudin dadi gamang. Ning fikirane antara percaya lan beli. Disatu sisi Samsudin mikir bahwa Dewi lagi pencitraan, sementara ning satu sisi percaya yen sembayange Dewi, bener-bener sembayang sing sejati. 

Sawise Dewi Pragat Semabayang, Samsudin Takon " Wi, kenangapa kerja sebagai Wadon Panggilan....!?, Toli kenangapa masih sembayang.....!?"

Bari ngudari mekenah Dewi Njawab ;

" Kang sedurunge Kula njaluk maaf, Kula sebenere Aran asline Sarah, bengen waktu Bapa masih Urip, isun dianjingaken Ning Pesantren, isun mondok sing Awit kelas 1 Mts sampe Kelas 2 Aliyah. 7 Dina setelah Bapa ninggal, Isun dipaksa mari mondok nang Mbok Tiri,  isun bahkan dipaksa melu kerja. Rupane kerja sing dimaksud jual diri, awale isun mbrontak bahkan sempat Melayu, tapi kecandak, Isun pertama kali hubungan badan lantaran dipaksa nang Bos, selepas keperawanane isun ilang, isun dipaksa kongkon nglayani pelanggan demi pelanggan. Hingga akhire biasa lan pasrah. Isun kerja mengkenen wis Garep 8 Wulan".

Ngrongkna ceritane Sarah, Samsudin ngenes, Cangare Abang. "Terus soal sembayang, kenangapa masih sembayang ....."?". Samsudin Takon. 

Sarah Njawab bari nangis sesenggukan ;

"Kang, ketika isun Pamitan Boyong Ning Ibu nyai, isun nangis, karena isun sebenere mong metu sing pondok. Nanging karena isun dipaksa mbok tiri dadi terpaksa isun boyong. Sedurunge isun balik meng umah, Ibu nyai ngekepi isun bari ngomong " Nok dalam keadaan apapun, aja tinggal sembayang ya, sebab shalat iku sejatine bisa nyegah kemungkaran...!", Kata-kata terakhir ibu nyai kuen sing tak pegang sampe kien kang, mulane Kula ora bakal tinggal sembayang, sebab Kula percaya, dongane Kula Ning Gusti Allah agar bisa keluar dari lingkaran setan kerjaan mengkenen, kapan mbuh kapan pasti diijabah". 

Ngrongkna penjelasane Sarah, Samsudin, nafase berat. Deweke emosi, sejeroneng ati Samsudin ngomong "Ibu tiri Kirik, Mucikari Kunyuk.....!!, Ora due perasaan"

Iba Ning nasibe Sarah sing nelangsa, Samsudin ngepeki tangane Sarah Toli ngomong " Sarah bener-bener pengen metu sing kerjaan sebagai wanita panggilan......!?" ...bener pengen metu...!?"

Bari nangis sesenggukan, Sarah Njawab "Iya kang, isun pengen metu pisan, wis beli tahan kang......"!

Ngrongkna jawabane Sarah, bli biasa-biasane Samsudin nangis, wong loro Toli kekepan bari nangis bebarengan. 

Bagian (8)

........(tunggu kisah selanjutnya...).

1 komentar untuk "Jaenal & Ratini"

Berkomentarlah yang terarah dan jelas agar dapat dipahami dan dibalas admin.